Showing posts with label Sejarah. Show all posts
Showing posts with label Sejarah. Show all posts
  • Text Pancasila versi Nusantara


    PANCASILA
    1. Ketuhanan yang Maha Esa
    2. Kemanusiaan yang Adil dan Beradab
    3. Persatuan Indonesia
    4. Kerakyatan yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusyawaratan/Perwakilan
    5. Keadilan Sosial bagi Seluruh Rakyat Indonesia

    Nah, sekarang ada yg udah ingat?
    Inilah Pancasila yg benar menurut versi aslinya dari Nusantara. Pancasila menurut orang Jawa, Sunda, Batak, Palembang, Ambon, Menado, dan Padang ternyata masing-masing berbeda!

    Pancasila (Jawa Ngoko)
    > > siji: Gusti Alllah ora ono koncone
    > > loro: Dadi wong ojo kejem-kejem
    > > telu: Indonesiabersatu kabeh
    > > papat: karo tonggo-tonggo nek ono masalah diomongno bareng-bareng
    > > limo: mangan ga mangan sing penting kumpul

    Pancasila (Sunda)
    > > hiji: Gusti Allah nu ageng pisan
    > > dua: ka sorangan teh sikapna kudu sami, ulah di beda-beda keun
    > > tilu: Indonesiakuduna mah jadi hiji!
    > > Opat: Rakyat Indonesiasaena pang mutuskeun sesuatu teh disepakat keun heula. Biar bager lan bijaksana
    > > Lima: Ceunah teh sikap sosialna kudu adil hiji sareng lainna.

    Pancasila (Batak Toba)
    > > 1. Dang adong na pajago-jagohon di jolo ni Debata
    > > 2. Maradat tu sude jolma
    > > 3. Punguan ni halak Indonesia
    > > 4. Marbadai ... marbadai, dungi mardame
    > > 5. Godang pe habis saotik pe sukkup

    Poncosilo (jawa kromo)
    > > kaping setunggal: Gusti ingkang Maha satunggal
    > > Kaping kalih: Tiang ingkang Adil lan beradab
    > > kaping tiga: persetunggalan Indonesia
    > > kaping sekawan: Kerakyatan ingkang dipimpin kaliyan hikmat lan
    > > kewicaksonoan dateng permusyawaratan kang diwakilkan. kaping
    > > gangsal:Adil kang sosial kangge sakabehe tiang Indonesia

    Pancasila (Palembang)
    > > sute: Tuhan ne sute tu'la
    > > due: jelme harus khapat same rate
    > > tige: jelme Indones iane bersatu padu
    > > empat: jeleme Indonesiane diketuci ngai hikmah dimane ngedapatkan
    > > jawaban dadi gegale masalah
    > > Leme: kesameratean hidup ne jelmekangok Indonesia...

    Pancasila (Ambon)
    > > 1. Torang samua tawu cuma ada Tuang Allah yaitu Tete manu...
    > > 2. Orang ambon samu harus tau adat
    > > 3. acang deng obet harus bisa bakubae
    > > 4.Paitua deng maitua harus bae-bae di rumah rakyat
    > > 5. samu harus bisa jaga diri karna ambon lapar makan orang..........

    Pancasila (Manado)
    > > 1. Cuma boleh ba satu Tuhan
    > > 2. Selalu adil kong ja pake ontak
    > > 3. Torang samua satu, Bangsa Indonesia
    > > 4. Tu rakyat musti slalu bakumpul kong bicara bae-2 spy slalu ada kaputusan gagah yg semua trima deng nang hati.
    > > 5. voor seluruh ra kyat Indonesia, nyanda ada tu jabaku kase beda-2 perlakuan.

    Pancasilo (Padang)
    > > ciek: Bintang Basagi Limo
    > > duo: Rantai pangikek kudo
    > > tigo: pohon baringin gadang ta'mpek kito bacinto
    > > ampek: kapalo banteng bataduk duo
    > > limo: padi jo kapeh pambaluik nan luko.

    more
  • Serat Jayabaya ramalan jayabaya
    Serat Jayabaya

    Ramalan iki ora usah dipercaya. Yen percaya kuwi tegese nglangkahi takdire sing maha kuwasa. Dadi, di waca wae nanging ora usah dipercaya.

    • Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran.
    • Tanah Jawa kalungan wesi.
    • Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.
    • Kali ilang kedhunge.
    • Pasar ilang kumandhang.
    • Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak.
    • Bumi saya suwe saya mengkeret.
    • Sekilan bumi dipajeki.

    • Jaran doyan mangan sambel.
    • Wong wadon nganggo pakeyan lanang.
    • Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.
    • Akeh janji ora ditetepi.
    • Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe.
    • Manungsa padha seneng nyalah.
    • Ora ngendahake hukum Allah.
    • Barang jahat diangkat-angkat.
    • Barang suci dibenci.
    • Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit.
    • Lali kamanungsan.
    • Lali kabecikan.
    • Lali sanak lali kadang.
    • Akeh bapa lali anak.
    • Akeh anak wani nglawan ibu.
    • Nantang bapa.
    • Sedulur padha cidra.
    • Kulawarga padha curiga.
    • Kanca dadi mungsuh.
    • Akeh manungsa lali asale.
    • Ukuman Ratu ora adil.
    • Akeh pangkat sing jahat lan ganjil.
    • Akeh kelakuan sing ganjil.
    • Wong apik-apik padha kapencil.
    • Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin.
    • Luwih utama ngapusi.
    • Wegah nyambut gawe.
    • Kepingin urip mewah.
    • Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka.
    • Wong bener thenger-thenger.
    • Wong salah bungah.
    • Wong apik ditampik-tampik.
    • Wong jahat munggah pangkat.
    • Wong agung kasinggung.
    • Wong ala kapuja.
    • Wong wadon ilang kawirangane.
    • Wong lanang ilang kaprawirane.
    • Akeh wong lanang ora duwe bojo.
    • Akeh wong wadon ora setya marang bojone.
    • Akeh ibu padha ngedol anake.
    • Akeh wong wadon ngedol awake.
    • Akeh wong ijol bebojo.
    • Wong wadon nunggang jaran.
    • Wong lanang linggih plangki.
    • Randha seuang loro.
    • Prawan seaga lima.
    • Dhudha pincang laku sembilan uang.
    • Akeh wong ngedol ngelmu.
    • Akeh wong ngaku-aku.
    • Njabane putih njerone dhadhu.
    • Ngakune suci, nanging sucine palsu.
    • Akeh bujuk akeh lojo.
    • Akeh udan salah mangsa.
    • Akeh prawan tuwa.
    • Akeh randha nglairake anak.
    • Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne.
    • Agama akeh sing nantang.
    • Prikamanungsan saya ilang.
    • Omah suci dibenci.
    • Omah ala saya dipuja.
    • Wong wadon lacur ing ngendi-endi.
    • Akeh laknat.
    • Akeh pengkianat.
    • Anak mangan bapak.
    • Sedulur mangan sedulur.
    • Kanca dadi mungsuh.
    • Guru disatru.
    • Tangga padha curiga.
    • Kana-kene saya angkara murka.
    • Sing weruh kebubuhan.
    • Sing ora weruh ketutuh.
    • Besuk yen ana peperangan.
    • Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor.
    • Akeh wong becik saya sengsara.
    • Wong jahat saya seneng.
    • Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul.
    • Wong salah dianggep bener.
    • Pengkhianat nikmat.
    • Durjana saya sempurna.
    • Wong jahat munggah pangkat.
    • Wong lugu kebelenggu.
    • Wong mulya dikunjara.
    • Sing curang garang.
    • Sing jujur kojur.
    • Pedagang akeh sing keplarang.
    • Wong main akeh sing ndadi.
    • Akeh barang haram.
    • Akeh anak haram.
    • Wong wadon nglamar wong lanang.
    • Wong lanang ngasorake drajate dhewe.
    • Akeh barang-barang mlebu luang.
    • Akeh wong kaliren lan wuda.
    • Wong tuku ngglenik sing dodol.
    • Sing dodol akal okol.
    • Wong golek pangan kaya gabah diinteri.
    • Sing kebat kliwat.
    • Sing telah sambat.
    • Sing gedhe kesasar.
    • Sing cilik kepleset.
    • Sing anggak ketunggak.
    • Sing wedi mati.
    • Sing nekat mbrekat.
    • Sing jerih ketindhih.
    • Sing ngawur makmur.
    • Sing ngati-ati ngrintih.
    • Sing ngedan keduman.
    • Sing waras nggagas.
    • Wong tani ditaleni.
    • Wong dora ura-ura.
    • Ratu ora netepi janji, musna panguwasane.
    • Bupati dadi rakyat.
    • Wong cilik dadi priyayi.
    • Sing mendele dadi gedhe.
    • Sing jujur kojur.
    • Akeh omah ing ndhuwur jaran.
    • Wong mangan wong.
    • Anak lali bapak.
    • Wong tuwa lali tuwane.
    • Pedagang adol barang saya laris.
    • Bandhane saya ludhes.
    • Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.
    • Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara.
    • Sing edan bisa dandan.
    • Sing bengkong bisa nggalang gedhong.
    • Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil.
    • Ana peperangan ing njero.
    • Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham.
    • Durjana saya ngambra-ambra.
    • Penjahat saya tambah.
    • Wong apik saya sengsara.
    • Akeh wong mati jalaran saka peperangan.
    • Kebingungan lan kobongan.
    • Wong bener saya thenger-thenger.
    • Wong salah saya bungah-bungah.
    • Akeh bandha musna ora karuan lungane. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe
    • Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram.
    • Bejane sing lali, bejane sing eling.
    • Nanging sauntung-untunge sing lali.
    • Isih untung sing waspada.
    • Angkara murka saya ndadi.
    • Kana-kene saya bingung.
    • Pedagang akeh alangane.
    • Akeh buruh nantang juragan.
    • Juragan dadi umpan.
    • Sing suwarane seru oleh pengaruh.
    • Wong pinter diingar-ingar.
    • Wong ala diuja.
    • Wong ngerti mangan ati.
    • Bandha dadi memala.
    • Pangkat dadi pemikat.
    • Sing sawenang-wenang rumangsa menang.
    • Sing ngalah rumangsa kabeh salah.
    • Ana Bupati saka wong sing asor imane.
    • Patihe kepala judhi.
    • Wong sing atine suci dibenci.
    • Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat.
    • Pemerasan saya ndadra.
    • Maling lungguh wetenge mblenduk.
    • Pitik angrem saduwure pikulan.
    • Maling wani nantang sing duwe omah.
    • Begal pada ndhugal.
    • Rampok padha keplok-keplok.
    • Wong momong mitenah sing diemong.
    • Wong jaga nyolong sing dijaga.
    • Wong njamin njaluk dijamin.
    • Akeh wong mendem donga.
    • Kana-kene rebutan unggul.
    • Angkara murka ngombro-ombro.
    • Agama ditantang.
    • Akeh wong angkara murka.
    • Nggedhekake duraka.
    • Ukum agama dilanggar.
    • Prikamanungsan di-iles-iles.
    • Kasusilan ditinggal.
    • Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi.
    • Wong cilik akeh sing kepencil.
    • Amarga dadi korbane si jahat sing jajil.
    • Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit.
    • Lan duwe prajurit.
    • Negarane ambane saprawolon.
    • Tukang mangan suap saya ndadra.
    • Wong jahat ditampa.
    • Wong suci dibenci.
    • Timah dianggep perak.
    • Emas diarani tembaga.
    • Dandang dikandakake kuntul.
    • Wong dosa sentosa.
    • Wong cilik disalahake.
    • Wong nganggur kesungkur.
    • Wong sregep krungkep.
    • Wong nyengit kesengit.
    • Buruh mangluh.
    • Wong sugih krasa wedi.
    • Wong wedi dadi priyayi.
    • Senenge wong jahat.
    • Susahe wong cilik.
    • Akeh wong dakwa dinakwa.
    • Tindake manungsa saya kuciwa.
    • Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi.
    • Hore! Hore!
    • Wong Jawa kari separo.
    • Landa-Cina kari sejodho.
    • Akeh wong ijir, akeh wong cethil.
    • Sing eman ora keduman.
    • Sing keduman ora eman.
    • Akeh wong mbambung.
    • Akeh wong limbung.
    • Selot-selote mbesuk wolak-waliking jaman teka.

    more
Bookmark and Share

Recent Comment


ShoutMix chat widget

Random Post